Showing posts with label jawa. Show all posts
Showing posts with label jawa. Show all posts
Tuesday, December 27, 2016
Contoh Pidato Kemerdekaan 17 Agustus Dengan Bahasa Jawa
Contoh Pidato Kemerdekaan 17 Agustus Dengan Bahasa Jawa
Hai sahabat blogger semua !!! Sekarang aq akan memposting Contoh Pidato Kemerdekaan Dengan Bahasa Jawa. Pidato ini aqrangkum dari berbagai macam sumber. Pidato Bahasa Jawa bertema 17 Agustus ini, ditulis untuk membantu para anak-anak sekolah dalam mengerjakan tugas sekolahnya, Nah... berhubungan dengan itu, aq juga membutuhkan pidato ini. Karena memang aq ada tugas untuk mengumpulkan Contoh Pidato Kemerdekaan Dengan Bahasa Jawa. Lebih jelasnya silahkan lihat Contoh Pidato Bahasa Jawa - Hari Kemerdekaan dibawah ini. J
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat walafiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.
Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdeka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.
Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Semoga contoh teks naskah Pidato Kemerdekaan indonesia menggunakan Bahasa Jawa diatas, dapat sedikit membantu dalam mengerjakan tugas sekolah dan bermanfaat bagi semuanya. dan apabila ada kekurangan dalam penulisan pidato 17 Agustus dengan bahasa jawa ini kalaian bisa mengedit atau mennambahkan kata-kata agar lebih baik lagi dan lebih sempurna. Good Luck J
Available link for download
Thursday, November 10, 2016
Contoh teks pidato sambutan kepala sekolah acara perpisahan bahasa jawa
Contoh teks pidato sambutan kepala sekolah acara perpisahan bahasa jawa
Contoh Sambutan Kepala Sekolah dalam B.JAWA
Ingkang Kinurmatan, Bapak - Ibu guru
saha para Karyawan - Karyawati
saha para siswa kelas 9 ingkang kula tresnani
Kaping pisan, sumangga kita konjukaken puja/puji syukur dumateng ngersanipun gusti allah SWT ingkang sampun paring rahmat,taufiq, saha hidayahipun damel kita sedaya.Kaping pindo salawat saha salam mugi mugi tetep kalimpahaken dumateng junjungan kita ingkang agung, nabi Muhammad SAW ingkang ngasta kita saking jaman jahiliyah dumugi zaman islamiyah ingkang sampun kita raosaken menika.
Para siswa kelas 9 ingkang minulya,
Mboten keraos, sampun 3 warsa para siswa nggayuh ilmu dumateng SMPN 1 JETIS menika, sampun wancinipun para siswa nglanjutaken pendidikan ingkang langkung inggil. Mugi - mugi para siswa saged nglanjutaken pendidikan dumateng sekolah ingkang saged nuntun siswa, supados para siswa saged nggayuh punapa ingkang dados kepinginanipun. Para siswa kedah saged ningkataken porsi belajar supados para siswa saged dados siswa ingkang cerdas,beprestasi, berguna damel bangsa Negara saha agama.
Para siswa kelas 9 ingkang kula tresnani,
Kula supados Kepala Sekolah satuhunipun awrat sanget nglepas para siswa amargi siswa siswi sedaya menika sampun kados keluarga, namung amargi para siswa kedah nglanjutaken pawiyatan ingkang langkung inggil, kula kedhah ikhlas. Para siswa, kula namung saged paring dedunga dumugi para siswa saged nglanjutaken pendidikan ingkang langkug inggil supados siswa saged nggayuh cita citanipun.
Cekap semanten atur kula, menawi wonten kelepatan kula nuwun agunging samudra pangarsani. Akhirul kallam. Wassalamualaikum Wr.Wb.
Available link for download
Monday, November 7, 2016
contoh dialog teks drama BERBAHASA JAWA
contoh dialog teks drama BERBAHASA JAWA
Hai sobat, pada kesempatan ini saya mencoba menshare dialog / teks drama BERBAHASA JAWA tentang anak yang durhaka, tanpa basa basi lagi yuk segera dilihat
PERCAKAPAN TENTANG CARA MENGHORMATI ORANG TUA
Ibu : Uhuk... uhuk....
Murni : Ibuk ki iso meneng po ra? Aku sek sinau ki lo!.
Ibu : Hoalah nduk, ibuk ki sakit watuk.
Murni : Lek watuk yo neng dokter to! Mbrebeki uwong ae!.
Bapak : Enek opo to iki kok ramemen teko njobo, isin karo tonggo.
Murni : Bojomu iki lo pak mbrebeki uwong ae!.
Bapak : Huss!, Omong karo wong tuek ki gak oleh mbentak-mbentak ngono kui!, Ayo nyuwun ngapuro neng ibuk.
Murni : Gah!, Ibuk sing salah kudune ibuk sing nyuwun ngapuro karo aku. ( mlaku ngaleh)
Bapak : Astagfirullah...., anak e sopo iki.
Ibu : Wis pak, sabar mawon.
Bapak : Iyo buk.
Sesuk esuk e Murni bengak bengok nggolek i sepatune sing ora ketemu.
Murni : Bapak, ibuk sepatuku nyandi?.
Ibu : Lha sing ndekek dekingi sopo?. Sing sekolah kan awakmu mur, duduk ibuk.
Murni : Pokoke ibuk kudu nggoleki sampek ketemu!.
Dumadakan bapak teko.
Bapak : Mur!, Siti karo Karjo wis marani ki lo!.
Murni : Buk sepatune gowonen rene!. Bapak, endi sangune?.
Bapak : Bapak gak nduwe duwit nduk !.
Murni : Bapak ki kewajibane kudu nggolek duwit sing akeh kanggo anak anak e!.
Ibu : Iki nduk sepatumu.
Murni : Alah kesuen!. Jo, ti, ayo budal.
Murni, Siti lan Karjo mlaku tumuju neng sekolahan. Neng ndalan cah telu kuwi guneman.
Siti : Mur murni, kowe gak oleh khayal marang bapak ibumu.
Murni : Sak sirku to urip uripku nyapo kowe bingung.
Karjo : Anak durhaka kowe mur!, Ayo ti ditinggal ngaleh ae cah durhaka iki!.
Murni : Yo ra konco kowe!.
Karjo lan Siti mlaku ninggalake Murni. Teko sekolahan bel muni, kabeh murid mlebu neng njero kelas.
Bu guru : Cah ayo ditakne PR e !, Sing ora ngerjakne maju.
Murni langsung maju amarga ora nggarap PR.
Bu guru : Nyapo mur ora ngerjakne PR?.
Murni : Wonten gangguan bu!.
Bu guru : Alasan ae!, gangguan opo?.
Murni : Ibuk niku watuk watuk mawon bu?.
Siti : Murni niku gawene mbentak mbentak wong tuane lo bu!.
Bu guru : Opo iyo mur?.
Murni : Eeeengih.
Bu guru : Engko bar pelajaran Murni melu Bu guru nyang kantor.
Murni : Nggih bu!.
Pelajaran wis sampe Murni dipanggil guru neng kantor.
Murni : Wonten nopo bu?.
Bu guru : Lungguh kene !. Mur, opo bener kowe mbentaki ibukmu!.
Murni : Eeeenggih.
Bu guru : Ngono kuwi ki gak oleh lo mur, marang wong tua ki gak oleh koyo ngono!.
Murni : Inggih bu.
Bu guru : Sok neh ojo tak baleni neh.
Telpon ning kantor muni, kring...kring...kring. Pak guru ngangkat telpon.
Pak guru : Assalamualaikum Wr.Wb.
Bapak : Waalaikumsalam Wr.Wb.
Pak guru : Wonten nopo pak?.
Bapak : Murni dikengken dateng rumah sakit angsal?.
Pak guru : Angsal mawon, wonten nopo pak?.
Bapak : Ibuk e mlebet rumah sakit.
Pak guru : Oooo. Inggih pak.
Murni kalian pak guru tindak dateng rumah sakit
Murni : Pak ibuk endi?.
Pak guru : Husss. Boso ning wong tua !.
Murni : Bapak ibuk pundi ?.
Bapak : Ning njero.
GRODOOOOKKK. Dokter mbukak lawang.
Murni : Pripun bu keadaannipun ibuk ?.
Dokter : Ibuk gadah penyakit jantung.
Bapak : Asstagfirullah.
Ibuk bengak bengok neng jero kamar.
Ibu : Bapak bapak.
Kabeh mlayu ning njero kamar.
Ibu : Pak jogenen omah karo murni, aku wis ora kuat.
Dokter : Inalillahi wainnalillahi rojiun.
Murni : Ibuk ibuk.(karo nangis)
Bapak : Sabar.
Ning kuburan
Murni : Bapak aku minta maaf.
Bapak : Yo nduk.
semoga cuplikan teks drama diatas bisa membantu anda untuk melaksanakan tugas dari guru, ataupun anda juga bisa mengambil hikmah dari cuplikan drama tersebut.
PERHATIAN !!!!
Boleh di copas Asalkan dicantumkan alamat SUMBERNYA !!!
Available link for download
Subscribe to:
Posts (Atom)